Saturday, 16 March 2013

LING ELING (SHOLAWAT JAWA)

SHOLAWAT LING ELING


ling eling siro manungso
temenono anggonmu ngaji ngaji
mumpung durung den rawuhi
malaikat juru pati

luwih loro luwih susah
rasane wong ning neroko
klabang quraisy kolojengjing
klabang geni ulo geni

rante geni godo geni
cawisane wong kang duroko
gumampang dawuh pengeran
dasar tan manut perintah tuan


luwih mulyo luwih mukti
rasane wong ning suwarga
pitung puluh widodari
kasur babut den cawisi

cawisane wong kang bekti
dawuh pangeran kang moho suci
mukmin lanang mukmin wadon
mukmin iku sederek kulo

agami islam agami kulo
kitab quran panutan kulo
mukmin lanang mukmin wadon
mukmin iku sederek kulo


LAA ILAHA ILLALLAH
ALMALIKUL HAQUL MUBIN
MUHAMMADUN ROSULULLH
SHODIQUL WA'DIL AMIN

mp.3 bisa didownload di link dibawah ini
http://www.mediafire.com/?94nylv1lnwq2oyu

Video bisa didownload di link dibawah ini
http://www.mediafire.com/download.php?f7qq3tj7fjjej55

No comments:

Post a Comment