Thursday, 21 March 2013

ZIARAH GUE


PENGALAMAN ZIARAH BERSAMA PONPES KYAI GALANG SEWU


ajib:









































Wednesday, 20 March 2013

SINDIR TANPO KATON:

SINDIR TANPO KATON

Ngawiti ingsun nglaras sinDhiran
Kelawan tumuju wong ndhuwuran
Kang nglakok-ake dana anggaran
Aja sembrana tanpa itungan.....2x

Dhuh bala kanca priya wanita
Aja mung njabat sak penak sira
Gur pinter janji ra-iso mbuktekna
Tembe mburine rakyat sing sara….2x

Akeh kang pinter sekabehane
Seneng ngakali marang kuline
Elek'e dhewe nggak diketok-ke
Padhahal iku akal BULUSE.....2x

Gampang mbuju’i, janjine goroh
Kanggo menangke tuku suworo
Sarto wis lungguh neng kursi raja
Janji-janjine ‘njur ora nyata...2x

Ayo sedulur ‘jo nglalek-ake
Karo sing ndhisik milih swarane
Aja nggedhek-ke wetenge dhewe
Sing ndhukung kowe sik Tetep kere....2x

Dadi pejabat ‘ra bakal suwe
Kadung wis rakyat gak ngarepake
Yen wes janjine ra dibuktekne
Bakal didemo digulingake...2x

Koran lan TV padha ngabarke
Pejabat maling akeh contone
Soko sing ndhuwur sak ngisorane
Kroyo'an nyunat jatah rakyate...2x

Kaya wis padha nunggu giliran
Sapa sing nyolong bakal konangan
Yen dipercaya dadi pimpinan
Kudu kang jujur lan kuat iman...2x

Kwasane donya ora hakiki
Ayo dijaga lan disyukuri
Yen panyuwune wis dituruti
Nang wong ngisoran ‘jo nganti lali...2x

Urip kang ayem, rumangsa aman
dudu amarga no ing ndhuwuran
Sabar narimo najan pas-pasan
Nyukuri takdir saka Pengeran...2x

‘Yo para kanca dulur lan tangga
Kang durung bener padha elingo
ojo diumbar lan didarong'no
Siji kang olo kabeh kang soro...2x

Sindhiran iki, jo dadi ati –
digawe santai.., lan ojo wedi.
Mung ngelingake kang ndhuwe janji
Muga do slamet ‘jo nganti lali...2x


Saturday, 16 March 2013

LING ELING (SHOLAWAT JAWA)

SHOLAWAT LING ELING


ling eling siro manungso
temenono anggonmu ngaji ngaji
mumpung durung den rawuhi
malaikat juru pati

luwih loro luwih susah
rasane wong ning neroko
klabang quraisy kolojengjing
klabang geni ulo geni

rante geni godo geni
cawisane wong kang duroko
gumampang dawuh pengeran
dasar tan manut perintah tuan